Tembang Macapat (ciri-ciri macapat, urutan (jenis) macapat, manfaat macapat, paugeran macapat)
Tembang Macapat (source:lokaltuban.blogspot.com) |
Assalamu'alaikum,
Saniki kula badhe ngandharaken babagan tembang terutama tembang macapat, monggoh dipun waos
Tembang Jawa kaperang dadi 3 golongan, yaiku tembang cilik utawa tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe.
Tembang Macapat ana 11, yaiku : Pocung, Maskumambang, Gambuh, Megatruh , Mijil, Kinanthi, Asmarandana, Durma, Pangkur, Sinom lan Dhandhanggula
Sing kalebu tembang tengahan yaiku : Balabak, Ginsa, Jurudemung, Wirangrong, Kenya kedhiri, lan liya-liyane.
Dene sing kalebu tembang gedhe yaiku : Citramengeng, Retna asmara, Rara bentrok, Muderetno, lan liya-liyane.
Manut Serat Wardalawagu, kang diyarsa dening R.Ng.Ranggawarsita, macapat iku wujude saka tembung maca pat lagu, kan nduweni teges maca tembang kang kaping pat. Sanese maca pat lagu, uga ana maca sa lagu, ro lagu lan tri lagu. Kados mekaten :
1. Maca sa, kalebu tembang kuna kasebut tembang kawi (sekar kawi)
2. Maca ro, uga kalebu tembang kuna kasebut tembang gedhe (sekar ageng)
3. Maca tri, uga kalebu tembang kuna nanging sakwetawisrada anyar, kasebut tembang tengahan (sekar tengahan)
4. Maca pat, kalebu tembang enggal kasebut tembang cilik
Tembang Macapat yaiku reriptan utawa dhapukaning basa, mawa paugeran tartamtu lan anggene maca (ngucapake) kudu dilaguke ngangggo kagunan swara.
Paugeran kang dikarepke yaiku ana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Tembang macapat iku kaiket ing pathokan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing ukara saben sepada. Dene guru lagu yaiku tibaning swara utawa dhong-dhing ing pungkasan gatra. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sa gatra.
Titikane (ciri-cirine) tembang macapat :
1. Migunakake pathokan utawi paugeran => guru gatra, guru wilangan, guru lagu
2. Basane nganggo basa Jawa enggal
3. Bisa katindakake tanpa iringan gendhing (ngadeg dhewe)
Gunane tembang macapat :
1. Kanggo kaswastran jaman saiki
2. Kanggo mbawani utawa ngiringi gendhing
3. Kanggo ngarang kapustakaan Jawa
4. Kanggo lagu-lagu kethoprak utawi wayang wong
5. Kanggo parikan utawa dhagelan
Macapat itu nyaritakake rerangken uripe manungsa (rangkaian hidup manusia)
Urutane tembang macapat :
a. Maskumambang
Saka 'kemambang' = nggambarake janin utawi jabang bayi nang njero rahim ingkang durung jelas lanang utawi wadon
b. Mijil
Nggambarake laire bayi sing wis genah lanang utawi wadon
c. Sinom
Saka 'sing enom' = nduweni makna kudu nggayuh cita-cita, pemudha kudu semangat (remaja)
d. Kinanthi
Saka 'dituntun' = kudu diarahna (diarahaken maring sing bener) / pemuda harus diarahkan, biasanya pada masa-masa ini pemuda mencari jati dirinya
e. Asmaradana
Asmara iku cinta, dhana iku api. Asmaradana (api cinta). Ing saben manungsa bakal tresno marang lawan jenise
f. Gambuh
Sawise tresno, menawi sampun cocok kudu nikah
g. Dandang gula
Nggambarake manise urip (berumah tangga)
h. Durma
Weh-weh (memberi) marang sapadhaning wong urip
i. Pangkur
Wong yen wis tua kudu ngurangi hawa nepsu
j. Megatruh
Megat iku pisah, ruh iku roh. Antara raga lan ruh pisah.
k. Pocung
Wong yen wis mati dikafani (dipocong)
Wassalamu'alaikum
Maturnuwun Bu Yen Hestu lan Bu Winda (Guru Basa Jawa)
Kalau ciri-ciri guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu apa?
ReplyDelete